Pleci

| komentar

Manuk pleci yo iku manuk cilik warnane ijo rodo kuning campur warna ireng sitik, pleci kui manuk kebon, biyen ra digagas karo ocehan mania, la kok saiki wis entek ning kebon kebon wis ra ono suarane manuk pleci, jian ngenes nek delok kahanan koyo mengkene, biyen jaman ku isih cilik sak uwit ki iso ono pleci ne mbok satus pleci we ono loh.. la saiki lemah sak hektar wae hurung mesti ono manuk pleci ne... 
Koyo ngene ki sing cok gawe aku merasa sedih..
Horo saiki sedulur rasakne wis.. opo yo arep ngene iki terus, manuk entek kabeh,, la nek manuk e entek po ra uler uler do seneng ? sing rugi petani to yen ngene iki terus, wis panas panas nandur uwit, uwit e pangan uler dadak tuku obat uler to nek predator e wis ra ono..
Uler ki musuh e ming manuk.. liane manuk ra ono sing doyan karo uler kui. Saiki misal ki yen ono manuk siji ucul we sing ngoyak noyak jian iso sak kampung dewe, opo maneh nek manuk e iku cucak rowo weeeee jian iso do ra turu tenan sing ngoyak manuk e mergo manuk kui cen larang regane ning wis meh punah saiki, mesakne tenan.
Pleci ki asline okeh jenis e, nek sing ning jowo yo kui warnane ijo kekuningan ono ireng e sitik, ono maneh sing warnane klawumbuh seko ngendi aku yo hurung ngerti asal e, mungkin iso seko luar jowo.


Share this article :
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Mbah Pleci - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger